Curug Barong Belik Pemalang (Ngapak Version)

Hallo lur Assalamualaikum welkome beck maning nang bloge nyong, kayong wis sue nemen ora tau update ya lur, soale semenjak ana korona menyerang. wisata ditutup kabeh terus ora olih kon dolan-dolan lur, kon ngerem baen nang umah. Mbarang diprediksi korona ora bakalan ilang terus juga masyarakate pada mbeler terus karena alasan faktor ekonomi juga siki anane New Normal lur, alias wong normal anyaran angger di artekna nganggo bahasa jawa.

Okelah ora usah kakehen ceramah ya lur siki nyong pan ngajak sampean rika rika pada jalan-jalan meng Curug Barong sing alamate nang Desa Simpur Gunung Jaya Kecamatan Belik Kabupaten Pemalang. 
Curug Barong
Dadi ceritane di hari minggu yang gabut nyong ketekan tamu kang Pemalang Kota lur, terus setelah berdiskusi diputuskanlah dolan meng Curug Barong, soale kancaku urung pernah mana, nyong ya urung pernah mana lur, dadi cocok. 

Rute Menuju Curug Barong

Tepat jam sewelas awan langsung gas otw Belik, karena nyong urung weruh dalane akhire nyong coba nganggo GPS lur, ternyata jalure pada baen kaya angger arep meng Taman Rancah Via Ferrata Bukit Mendelem, pokoke angger wis nglewati Bukit Mendelem gari lurus baen gikuti GPS, angger esih bingung bisa takon-takon karo warga sekitar. Perjalanan kang ndongkal sekitar 40 menitan. Terk sarana sampean nggawa kendaraan dewek karena langka angkot umum sing tekan mana.

Pas tekan lokasi sing di tuduhna GPS ternyata perjalanan esih bisa dilanjut nganggo motor lur meskipun kudu nglewati persawahan karena dalane lagi mulai di garap dadi bisa go liwat, pokoke motore baen kudu dipastikan waras karena ana beberpa titik sing extreme, jembatane  esih nganggo pring, nggilani pokoke.
rute curug barong
Pas enggal nyampe lokasi terpaksa ora bisa dilanjutna nganggo motor maning, karena ana turunan sing lumayan extreme tapi misale nganggo motor trail sih bisa baen di lewati, tapi angger nganggo matic nyong ora nyaranna. Pas nyampe lokasi ternyata nang kono wis ana beberapa warung, tapi pengunjunge ora terlalu rame, mungkin karena lokasine sing adoh plus esih pada wedi karo korona ndean. 

Harga Tiket Masuk Curug Barong

Tiket lebune gratis, parkire ya esih gratis tapi nang kono ana kotak bertuliskan sumbangan seikhlasnya. Sebagai pengunjung sing apik wajib ngisi kotak kue ya lur apamaning wisata Curug Barong lagi proses pengelolaan. Terus aja kelalen pada njajan juga nang kono men bisa meningkatkan ekonomi sing pada dagang nang kono.
harga Tiket Masuk
Nang Curug Barong wis ana jembatan tempat go selfie men instagramable sing esih nganggo pring, cuman sayange waktu kue lagi musim kemarau dadi pemandangane kurang sejuk.
Bareng wis selfie nang jembatan pring mau, terus nyong lanjut meng curuge, terlihat papan larangan ora olih kon adus nang kono, mungkin karena jero mbuh karena laka sing mantau pengunjung atau ana alasan liane tapi dari pada mbok terjadi apa-apa akhire nyong ya ora wani adus nang kono, kur foto-foto tok.
Curug Barong
Menurute nyong Curug Barong cocok juga nggo santai ngopi-ngopi, mbok ana sing seneng mancing juga bisa. Angger ketinggiane sekitar 10 meteran mungkin ana.

Baca Juga : Rafting Pemalang : Pengalaman Menguji Adrenalin Yang Mengasikan

Nah kurang luwih kaya kue lur informasi tentang Curug Barong mbarang wis tek tekani, aja kelalen like, komen dan share ya lur. Follow juga instagram pemalangadventure.id men tambah semangat maning kari explore wisata. Mbokan ana saran wisata sing kudu tek kunjungi bisa komen baen. Oraha pada mana bareng.
Curug Barong
Nb : Nang review google map akeh sing salah review, haruse rewiew Curug Barong sing nang Bogor tapi reviewne salah tempat nang MAP Pemalang. Dadi feed foto nang google map campur aduk.


Curug Barong Belik Pemalang (Ngapak Version)